buatkan tembang sinom tema gerakan literasi
Pertanyaan
1 Jawaban
-
1. Jawaban claramatika
Mata pelajaran: bahasa daerah (Jawa)
Kelas: XI SMA
Kategori: tembang macapat
Kata kunci: sinom, literasi
Jawaban:
Tembang sinom kanthi tema literasi
Paugeran: 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a
Dadi bocah kang prayoga
Sregep maca uga nulis
Nguri - uri kabudayanKabudayan literasi
Ilmu digawa mati
Aja gampang anut grubyuk
Menawa ana warta
Becike dipriksa dhisik
Supaya tembe mburi ora kuciwa
Pembahasan:
Tembang macapat kang uga diarani tembang cilik yaiku tembang kang duwe aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra yaiku cacahing gatra/larik saben sak pada. Guru wilangan yaiku cacahing wanda (kecap) saben sak gatra. Guru lagu yaiku tibaning swara ing saben pungkasaning gatra. Tembang macapat ana 11 yaiku:
Maskumambang, Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandhanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, Pocung.
Ciri-cirine tembang macapat yaiku :
1. Gunakake pathokan guru gatra, guru wilangan, guru lagu.
2. Basane nganggo basa Jawa enggal.
3. Bisa ditembngke tanpa iringan gendhing.
Gunane tembang macapat yaiku :
1. Kanggo bawa tembang utawa ngiringi gendhing.
2. Kanggo ngarang kapustakaan Jawa.
3. Kanggo lagu pengiring kethoprak utawa wayang wong.
4. Kanggo parikan utawa dhagelan.
Tembang sinom kalebu salah sijining tembang macapat kang duwe aturan guru wilangan lan guru lagu 8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a.
Sinom artine pucuk kang lagi thukul, maksud tembang sinom yaiku bocah enom kang samsaya gedhe, prayogane akeh sinau, kekancan, lan sabar kangge nggayuh urip kang becik.